Shalawat Dhumateng Rasulullah SAW
Ikhwanul Muslimin rahimakumullah, Sumangga sesarengan kita tansah ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, kanthi nglampahi dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun.
Baca Juga : Niat Sholat Jumat
Para sedherek, ngucapaken shalawat dhumateng. kanjeng Nabi Muhammad SAW, minangka setunggaling dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah ingkang perlu dipun amalaken dening saben-saben Muslim. Namung kasunyatanipun kathah ingkang sami nglirwakaken dhawuh wau kanthi rumaos mboten dosa.
Kedadosan wau mbok menawi sebab dene sami dereng mangertos fadhilahipun utawi dereng menyadari bilih maos shalawat wau kalebet dhawuhipun Gusti Allah ingkang kedah dipun amalaken. Pramila alantaran khutbah punika badhe kawula aturaken babagan maos shalawat, supados saged kita ngertosi tumunten lajeng kita amalaken.
1. Dasar Hukum
Ngucapaken shalawat lan salam dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW hukumipun wajib. Malah kepara dados bagian saking donga shalat lan ugi dados rukun khutbah
Al qu’an surat Al ahzab 56 menyebataken :
satemene Allah lan para malaikate paring shalawat marang kanjeng Nabi, he wong-wong kang pada iman, padha shalawata sira kabeh marang parjenengane lan ngucapa salam kanthi kebak pakumatan.(Q. Al Ahzab 56).
Kejawi ayat kasebat, kathah hadits-hadits ingkang nyebataken pentingipun maos shalawat.
2. Pangertosan Shalawat
Midherek Drs. Humaidi Tatapangarsa wonten buku anggitanipun, Akhlaq Yang Mulia, nerangaken bilih tembung shalawat, jamak saking tembung shalat ingkang anggadhahi makna donga utawi kaberkahan. Shalawat dhateng Rasul ateges ndedonga nyuwun kaberkahan dhumateng Allah SWT kagem kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Baca Juga : Pengertian Tentang Tabligh
Terjemah Al Qur’an wedalan Departemen Agama nerangaken, bilih shalawat dhatrng Rasulullah SAW ngemu tiang makna :
- Menawi shalawatipun Allah ateges Allah paring rahmat dhumateng panjeneganepun.
- Shalawatipun para malaikat ateges nyuwunaken pangapunten kagem panjeneganipun .
- Shalawat saking tiyang-tiyang mukmin ateges donga nyuwunaken rahmat dhumateng Allah swt kagem panjenenganipun.
3. Doa Shalawat
Para sedherek, doa shalawat punika werni-werni cacahipun, wonten ingkang redaksinipun saking kanjeng Nabi SAW piyambak lan ugi wonten ingkang susunanipun para ulama. Salah setunggalipun inggih punika:
kersa Panjengenan paring kaberkahan dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, nabi lan utusan Panjenengan ingkang mboten saged maos lan nyerat. (HR. Anas bin Malik ra).
4. Fadhilah Shalawat
Para sedherek, saderengipun kawula aturaken bab fadhilahipun shalawat perlu kawuningan, bilih saking agami sanes wonten ingkang nudhuh bilih Nabi kita Muhammad SAW tiyang ingkang mboten sampurna. Alesanipun sebab dene panjenenganipun taksih nyuwun dipun dongakaken dening ummatipun. Sebab denen mboten sampurna, pramila dereng kantenan mlebet suwarga.
para sedherek, tudhuhan wau mboten leres babar pisan sebab Rasulullah SAW tyang ingkang sampun dipun jamin miebet suwarga, senajan ummatipun mboten sami ngucapaken shalawat. Namung sebab dene panjenenganipun tresna lan peduli dhateng ummatipun, lan maos shalawat ngemu pinten-pinten fadhilah, pramila panjenenganipun dhawuh dhumateng ummatipun supados sami ngalap fadhilah kala wau. Wondene saperangan fadhilah shalawat ingkang saged kawula aturaken inggih punika:
a. Kanthi Shalawat, Allah Bakal Paring Rahmat Tikel Kaping 10
Rasulullah SAW ngendika:
“Sing sapa wonge maca shalawat marang ingsun (kanjeng Nabi SAW) sepisan, mangka Allah SWT bakal paring rahmate tikel kaping 10 ”
b. Waosan shalawat saged nuceni dosa
Wonten ing kitab Tanbihul Ghofilin juz 2 dipun sebataken:
” Wacanen shalawat marang ingsun. Mangka satemene maca shalawat marang ingsun iku nuceni kotoran (dosa)mu”.
Kitab Tanbihul Ghofilin ugi nerangaken malih:
Nalika perang badar, Nabi SAW ngendika, “Sapa wonge kang maca shalawat kanggo ingsun sepisan kelawan ikhlas atine, Allah bakal paning rahmat kanggo wong mau 10 lan dingapura 10 dosane”. (HR. Abullaits).
c. Ing dinten qiamat, tiyang ingkang kathah waosan shalawatipun badhe caket kaliyan Rasulullah SAW.
Setunggaling hadits riwayat at tirmidzi nyebataken :
“Satemene wong kang paling cedhak kelawan ingsun (kanjeng Nab Muhammad SAW) ing dina qiamat yaiku wong kang paling akeh anggone maca shalawat.” (HR. Tirmidzi) .
Midherek Syekh Nawawi Al Bantani wonten kitabipun “Tanzihul qaul” nerangaken bilih tiyang ingkang paling caket lan paling anggadhahi ha pikantuk syafa’atipun Rasulullah SAW mbenjang ing dinten qiamat inggh punika tiyang-iyang ingkang kathah shalawatipun nalika ing ngalam dunya Sebab kanthi makaten nedahaken bilih tiyang wau panci mahabbah (tesna saestu) dhumateng kanjeng Nabi SAW.
d. Shalawat minangka setunggaling srana kabuling donga
Abullaits ing kitab Tanbihul Ghaflin ngriwayataken setunggaling pangandikanipun Rasulullah SAW ingkang artosipun makaten:
” Ing antarane donga lan langit iku ana aling-aling (hijab), hingga yen diwacakake shalawat mau, hijab utawa aling-aling iku nuli pecah (sima), nuli donga mau bisa munggah (dikabuiake) dening Allah”.
Pramila ing saben-saben donga prayogi dipun awali kaliyan maos shalawat lan syukur dhateng Allah SWT.
e. Shalawat minangka margi dhateng suwarga
Abullaits nampi pawarta saking Amar bin Dinar saking Abu Ja’far r.a bilih Rasulullah SAW ngendika :
“Sing sapa wonge kang nglalekake maca shalawat marang ingsun, yekt wong mau wis kleru anggone milih dalan ing suwarga”
f. Shalat Kangge Ngalap Kabegian Ing Dinten Qiyamat
Setunggaling hadits hasan riwayat At Tirmidzi nyebataken :
“Ora padha lungguh sawijining gaum ing sawijining majlis kang ing kono ora den sebut asmane Allah (dzikir) lan ora den sebut shalawat marang Nabi SAW kejaba bakal ngrasa kapitunan ing dina giyamat” (H.R. At Tirmidzi).
Para sedherek kaum Muslimin rahimakumullah!
Kanthi keteranganan kala wau cetha bilih waosan shalawat punika sanes perkawis ingkang baen-baen, sebab kejawi ngemu fadhilah ing-kang migunani sanget tumrap kita umat Islam, ugi shalawat kala wau minangka dhawuhipun Gusti Allah ingkang perlu kita leksanakaken.
2 Replies to “Khutbah Bahasa Jawa”